Kamis, April 07, 2016

Lirik Lagu Manthous - Ojo Lamis

Lirik Lagu Ojo Lamis
Lirik Lagu Ojo Lamis - Manthous
Yen kowe seneng lelewa
Adhakane seneng lamis
Becik aluwung prasaja
Mung welingku aja lamis
Yen kowe seneng lamis
Gampang kena ing bebendu
Tumpraping sesrawungan
Mbok aja sok dhemen lamis
Seneng lamis padha karo dhemen cidra

Aja sok gampang janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas
Ora agawe gela
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis

Akeh tuladha kang dhemen cidra uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci tanggung bisa mukti

Subscribe ke channel ini