Sabtu, April 16, 2016

Lirik Lagu Manthous - Sing Paling Penak

Lirik Lagu Sing Paling Penak Manthous
Lirik Lagu Sing Paling Penak - Manthous

Paling enak dik
Sing paling kepenak
Dadi konglomerat
Bandhane sak arat arat

Omah gedhong magrong magrong
Pathing petongkrong petongkrong
Saben dino shopping
Numpak mobil mung kari nangkring

Mangan roti mas
Dicampur anggur
Kacang kapri enake
Digawe bubur

Ojo ngimpi yo mas yo
Lha mbok ojo nglindur nglindur
Rina wengi uripmu
Mung sambi nganggur

Reff:
Mangan timun e mangan timun
Dicampur gulo
Wong ngalamun
Apike direko reko

Mangan sukun -e- mangan sukun
Mung gari siji mas
Kario nglamun
Aku emoh ngancani

Reff:
Walang kekek dik
Dipangan kalkun
Yen lagi bokek paling penak
Iyo ngalamun

Menyang yogja yo mas yo
Ojo numpak sepur sepur
Gek ndang kerjo
Mengko tak tutuk siwur

Mangan timun e mangan timun
Dicampur gulo
Wong ngalamun
Apike direko reko

Mangan sukun -e- mangan sukun
Mung gari siji mas
Kario nglamun
Aku emoh ngancani

Subscribe ke channel ini